Cerkak Basa Jawa - Dhelik-dhelikan
Gabriel Azarya Krishna Lokajaya (XII TJA 3 / 09)
Dhelik-dhelikan
Suatu dino, ana telu bocah sing urip ing desa Karad, telu bocah kuwi jeneng e Dodi, Roni lan Radit. Desa Karad kuwi ana ing pinggir danau. Akeh kedadhen sing aneh ing desa kuwi, ana beberapa warga sing ngilang amarga bengi-bengi metu saka omah.
Ing wayah sore, telu bocah kuwi bosen lan pingin dolanan. Radit lan Dodi ngusulke dolanan Boi-boian, tapi Roni ngusulke dolan Dhelik-dhelik an. Radit lan Dodi setuju dolan dhelik-dhelik an, amarga suasana ne uwis peteng lan asik. Dheweke ora percaya kedadhen mistis sing ana ing desa Karad. Roni ngusulke dolanan boi-boian, amarga Roni wedi karo kedaden wong sing ngilang ing desa Karad.
Radit lan Dodi meksa Roni dolanan dhelik-dhelikan, Roni sing ora bisa nolak, akhire melu donalan dhelik-dhelikan kuwi. Dheweke milih sapa sing njaga lan sapa bae sing ndhelik. Radit lan Roni entuk dadi bagian sing ndhelik, Roni sing njaga. Roni goleki wit kanggo njaga, sakwise nemu wit kuwi, Roni mulai ngitung (1,.. 2,.. 3,..). Radit lan Dodi mlayu lan nggoleki panggon ndhelik.
Dodi ndhelik ing semak-semak sing tebel banget daun e, Radit ndhelik ing guwa sing ana ing mburine wit pring, guwa kuwi adoh banget saka panggon dhelik-dhelikan. Sakwise ngitung, Roni mlaku lan nggolek bocah-bocah kuwi, Roni mlaku lan krungu swara wahing saka semak-semak. Roni nyideki swara wahing kuwi, Roni mlaku lan mbuka semak-semak sing ana ing ngarep. Akhire Dodi kena, sisane Radit sing durung di temokake.
Roni nggoleki Radit, tapi uwis sepuluh menit Radit durung ketemu. Nganti patang puluh menit Radit durung bae isa di temokne. Roni uwis nyerah lan njerit supaya Radit enggal metu saka tempat e. Akhir e Dodi ngerewangi Roni nggoleki Radit nganti rong jam. Sakwise rong jam lebih, Dheweke mbalik ing desa Karad lan ngelaporke kedaden kuwi ing kulawargane Radit.
Bapakne Radit lan warga desa akhir e melu nggoleki Radit ing sekitar panggon dhelik-dhelikan. Sawise tengah wengi, Radit durung muncul, uwis akeh warga sing nyerah gae nggoleki Radit. Akhir e kabeh warga rundingan lan nggoleki solusi sing paling apik, yaiku ngenteni esuk teka kanggo nerusake nggoleki Radit. Banjur kabeh warga balik ing omahe dewe-dewe, Bapak lan Ibune Radit uwis mikir Radit ngilang kaya kedaden warga desa sing ilang.
Sawise esuk teka, Bapak lan Ibukne Radit ngelanjutke nggoleki Radit, Roni lan Dodi melu nggoleki Radit amarga rumangsa luput dolanan bengi. Patang jam kliwat, Radit isih ora ketemu. Akhire wong-wong pasrah, dumadakan Radit muncul sinambi mbengok saka kadohan. Kabeh kaget lan gumun, akhire Radit crita, dheweke keturon ing guwa nganti esuk. Bapakne njewer kupinge Radit, amarga nggawe wong sak desa gupuh nggoleki arekne. Akhire bocah-bocah kuwi ora diijini dolan bengi maneh,
RAMPUNG
Komentar
Posting Komentar